Jumat, 23 Oktober 2015

Yo iki,

Yo iki menowo wis wektune, yen Pangeran wis Kerso, menungso yo amung manut sing Kuoso.
abot ora iku mergo kulino, pancen miwiti iku yo rodho susah. ora koyo nek wis kulino. dene wis kulino, kabeh bakal keroso enteng.
yen wis koyo mengkono, jan jane lak yo wis ngerti kuncine, la yo mung kari ngulinakne.
sithik-sithik suwene suwe lak yo akeh to.
kabeh yen amung disawang yo kepenak (la wong kari nyawang), sing nglakoni yo podo wae, nyawang awak dewe yo katon kepenak.
wis wis, ndang ayo di toto maneh niate, di mantepne atine. pangeran ora sare.
elingo marang iki "sing temen bakale kasil". ojo wedi marang janji pangeran.
sing males wae iso, la sing sregep lak yo mestine luwih sipp to. sing tenag wae, dipikir karo turu yo oleh.
ra sah kakehen pikir, akeh ne wae anggone polah,
jare mbah sunan "yen gelem polah, yo bakale mamah". yen bapak e polah, yo anak e tambah.
hehe, ojo di gae pusing, wis ayo siap budhal neng masjid, gek sholat magriban, ben atine ayem.

Suwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar